KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHSA JAWA
IKHLAS DALAM SEGALA HAL
Setahun, blog ini ditangguhkan dan dieliminasi, tidak bisa ditampilkan entah karena alasan apa. dan akhirnya pada hari ini admin tak sengaja membuka blog, eh ternyata aktif lagi. puji Syukur pada Allah Ta'ala. Tingkatan Ikhlas menurut Imam Nawawi Al-Bantani adalah :
- Ikhlas menjalankan ibadah murni untuk Allah SWT, dengan tidak mengharapkan pahala atau apapun. tindakan ini murni dipersembahkan hanya kepada Allah SWT semata, sebagai bukti menghamba pada Sang pencipta.
- Tingkatan ikhlas kedua adalah, berharap agar terbebas dari siksa api neraka dan masuk surga.
- Tingkatan ke tiga adalah menjalankan suatau amalan atau ibadah dengan menghharap berkah.
اَلْحَمْدُ للهِ كَمَا يَحْمَدُهُ الشَّاكِرُوْنَ وَيُؤْمِنُ بِهِ الْـمُوْقِنُوْنَ وَيُقِرُّ بِوَحْدَانِيَّةِ الصَّادِقُوْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللهُ رَبُّ الْعَالَـمِيْنَ وَخَالِقُ السَّمَوَاتِ وَاْلأَرْضِيْنَ وَمُكَــلِّفُ الْجِنِّ وَاْلإِنْسِ وَالْـمَلَائِكَةِ الْـمُقَرَّبِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُ الْـمَلِكِ الْحَقِّ الْـمُبِيْنِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْـمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ مُخْلِصًا لَهُ الدِّيْنَ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ الْـمُخْلِصُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Sumonggo kito tansah ningkataken raos taqwa kito dhateng Allah Ta’ala engkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan soho kanugrahan dhateng kito sedoyo sahinggo kito saged makempal kanthi niyat taqorruban Ilalloh klawan nindaki kewajiban sholat jum’at kanthi ikhlasing manah. Sebab ikhlas meniko dipun ibarataken ruh ing sajroning jasad. Kito ugi mangertosi bilih jasad tanpo ruh puniko rupo mayit engkang kedah dipun kubur. Semanten ugi ibadah yen tanpo dilambari kaliyan keikhlasan mongko ibadahipun bakal di umbar mboten di réken dening Allah SWT.
وَمَا أُمِرُوْا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ
Alloh ora perintah marang makhluke supoyo nglakoni ngibadah kejobo kanthi ikhlas” (Al-Bayyinah : 5)
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Syaikhuna nawawi al-Bantani ing kitab Nuru dzolam paring pangandikan “tingkatan paling inggil babagan ikhlas nun inggih ibadah dhateng Allah Ta’ala, nindaaken amal kesahenan kang mboten dipun embel-embeli murih ganjaran utawi uwal saking sikso neroko, hananing nindaki ibadah kanthi tujuan menghamba utawi ngumawulo dhateng Dzat kang Moho Kuwoso.”
Imam Al-Ghozali ing Kitab Ihya’ Ululuddin kanthi ngutip hadis Qudsi paring pangandikan :
اْلإِخْلَاصُ سِرٌّ مِنْ سِرِّىْ إِسْتَوْدَعَتُهُ قَلْبَ مَنْ أَحْبَبْتُ مِنْ عِبَادِىْ
Ikhlas hyoiku salah sijine rahasia Ingsun (Allah) kang Ingsun titipaken marang atine wong-wong kang Ingsun tresnani".
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Salajengipun tingkatan ikhlas engkang kapindho nung inggih tiyang engkang ngibadah kanthi murih ganjaran swargo lan uwal saking panase geni neroko. Dasar puniko ngrujuk dhateng Dawuhipun kajeng Rasul Muhammad ﷺ naliko salah setunggaling sohabat Nu’man bin Qawqol al-Khoza’i nyuwun pirso dtang kanjeng Nabi “nopoto tiyang engkang nindaaken sholat wajib, poso ing wulan Romadhon lan ngalalaken barang halal twin ngaromaken barang harom puniko saged mlebet swargo ? kanjeng Nabi dawuh “iyo”. H.R. Imam Muslim.
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Tingkatan engkang kaping tigo nun inggih tiyang engkang nindaki ibadah lan amal sholih kanti tujuan merkoleh perkawis dunyawi, kados mahos surat al-waqi’ah ben ndang sugeh. Hal puniko ugi kagolong ikhlas lan bakal merkoleh ganjaran akherat. Hal puniko adedasar Dawuhipun Allah ing Surat Ali Imroh ayat 57:
وَأمَّا الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَيُوَفِّيْـهِمْ أُجُوْرَهُمْ, وَاللهُ لَايُحِبُّ الظَّالِـمُوْنَ
Ewondene wong-wong kang podho iman lan nindaki perkoro apik mongo Allah bakal paring ganjaran kanthi sempurno. Lan Allah ora remen marang wong kang tumindak nganioyo.
Miturut Imam Ibnu Katsir ayat wahu njelasaken bilih tiyang kasebut bakal angsal ganjaran ndunyo lan akherot. Walesan ndunyo wujudipun saged arupi pitulungane Alloh utawi kesuksesan, ewondenen ganjaran akherat arupi walesan swargo kang inggil drajate.
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Ikhlas puniko mboten namung ing lingkup ngibadah hananging ugi saged hadir ing pundi-pundi pendamelan ing saben dintenipun engkang gegayutan marang niyat tulus murni lan ditindaki kanti pener. Contonipun ibu-ibu engkang damel masakan kagem kluwargo lan ngurus kebetahan rumah tangga bakal nompo ganjaran engkang agen saking ngarsanipun Alloh Ta’ala. Semanten ugi poro bapak-bapak engkang pados ma’isyah kagem kebetahan kluwargo, ugi pendamelan sosial sanesipun prisip puniko wonten ing kitab ta’limul Muta’alim
كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَةِ عَمَلِ الدُّنْيَا ثُمَّ يَصِيْرُ بِحُسْنِ النِّيَّةِ مِنْ أَعْمَالِ الآخِرَةِ
Pirang-pirang penggawehan dunyawi kang biso dadi ngamal akherat kang disebabake soko niyate.
Mugi-mugi Allah tansah kerso nancepaken rahos ikhla ing sajroning dodo kito sedoyo sahinggo kito saged nindaki pendamelan engkan sahe, nindaki ibadah arupi rutual utawi sosial kanthu leres-leres anggadahi nilai ing ngarsanipun Alloh SWT.
قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِثْلُـــكُمْ يُوْحِى إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَهُكُمْ إِلَهٌ وَاحِدٌ, فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا. بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ, إنَّهُ جَوَادٌ كَرِيْمُ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ عَلَى عِبَادِهِ الْـمُؤْمِنِيْنَ بِالْعِرْفَانِ وَأَكْرَمَهُمْ مِنْ مَزِيْدِ فَضْلِهِ بِرُؤْيَتِهِ فِي الْجِنَانِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْـمَلِكُ الْعَلَّامُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ أَعْلَى الْـمَقَامِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا لَيِّنًا سَدِيْدًا. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّۚ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَتاَبِعِيْهِ وَتَابِعِيْ تَابِعِيْهِ وَمَنْ تَبِعَهُمِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ اسْتُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ اجْبُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ عَافِ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ احْفَظْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَحْمَةً عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مَغْفِرَةً عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ فَرِّجْ عَنْ أُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ فَرَجًا عَاجِلًا يَا َبَّ الْعَالَمِيْنَ.
فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِۙ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Response to "IKHLAS DALAM SEGALA HAL"
Posting Komentar