KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA
TAWADHU’
Hari : Kartika 71 Wenaning Jumenengan 4 Y
Posisi wirid /Anggastauni : Paru-paru
Jum’at legi, 31 Oktober 2025 M.
9 Jumadil Ula 1447 H.
Awrad : Yaa Muqoddimu (Yang Maha Mendahulukan)
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى اَمَرَنَا بِأَدَاءِ الشَّرَائِعِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ السَّمِيْعُ الْبَدِيْعُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سّيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّانِعُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. إِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. بِقَوْلِهِ تَعَالٰى يٰااَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا إنْ تَتَّقُوا اللهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ, وَاللهُ ذُوا اْلفَضْلِ الْعَظِيْمِ. وَقَالَ أَيْضًا : وَعِبَادُ الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى اْلأَرْضِ هَوْنًا, وَإِذَا خَاطَبَـهُمُ الْجَاهِلُوْنَ قَالُوْا سَلَامًا.
Masyirol
Muslimin Rohimakumulloh,
Monggo kito
sami-sami ningkataken raos taqwa dhumateng Allah Ta’ala sebab tiyang engkang
paling mulyo ing ngarsane Allah nun inggih tiang engkang bertaqwa, lan wujud
saking taqwa meniko antawisipun anggadahi raos tawadhu’ utawi ngerendah diri. Lumantaran
tawadhu’ meniko kito saged ngubur sifat sombong utawi gumedhe, tawadhu’
dumateng Allah lan tawadhu’ dhumateng sesami menungso kedah kito latih ing
saben dintenipun.
Kito kedah noto
ati kanthi ngukuhaken keyakinan bilih tiang sanes langkung sahe tinimbang awak
dewe, kados Imam Ghozali nalikane ningali lare alit yen ngelaokini pendamel
awon puniko amergo bocah meniko dereng ketratapan hukum syari’at, temtunipun
lare kolo wahu mboten gadah dusa lan temtunipun langkjung sahe tinimbang kito.
Menawi ningali
tiang sepuh kang nglamahi perilaku awon nerjang syara’, sayogyanipun kito angep
langkung sahe tinimbang kito, sebab kiambakipun langkung pengalaman tinimbang
kito.
Lan naliko
kito ningali tiyang kang katon bodho, kito kedah anggadahi keyakinan bilih
tiyang wahu langkung sahe tinimbang kito, sebab yen kiambake nglampahi
kemaksiatan temtu amergi bodhonipun mboten mangertosi hukum syara’ lan aturan
agami. Sedangkan kito, tetep ngalmaphi maksiyat senadjan ngertos yen hal puniko
salah tumrap agami.
Masyirol
Muslimin Rohimakumulloh,
Dhateng tiang
kafir nggih semanten ugi, kito mboten rumongso langkung sae tinimbang kiambake,
sebab, saged ugi naliko arep pecating nyowo kiambakipun maos syahadatain lan
nilar ndunyo kanthi husnul khotimah. Hal meniko mboten mustahil ing ngarsane
Allah, lan asring terjadi ing pagesangan puniko.
Kanthi adedasar
kesadaran puniko, ngerahosi bilih kito boten langkung sae tinimbang tiang
sanes, pramilo kito kedah niti priksa dhateng keluputan lan dosa diri kito pribadi.
Gampil kahem kito anggenipun madosi
kesalahane lan dosane tiang sanes, hananging, awrat sanget utawi wegah yen kito
kedahe niti prekso dosa kito kiambak.
Kanthi keadaan
engkang mekaten, kito perlu nerapaken sikap tawadhu’ ing saben dintenipun lan
dhateng sinten kemawon lan ing keadaan nopo kemawon. Allah Ta’ala paring
pepenget ing Al-Qur’an surat Al-Furqon ayat 63.
وَعِبَادُ
الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى اْلأَرْضِ هَوْنًا, وَإِذَا خَاطَبَـهُمُ
الْجَاهِلُوْنَ قَالُوْا سَلَامًا
Artosipun : ewondene
kawulo-kawulo utomane Dzat kang Mobo Welas hyo iku wong-wong nalikane mlaku ing
bumi kang podho ngerendahake dirine, lan nalikane wong-wong kang bodho podho
celuluk, dewekne ngucapake salam.
Masyirol Muslimin Rohimakumulloh,
Ing kitab
Lubabul Hadits, Imam Suyuti ngendiko yeng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ paring dawuh :
التَّوَاضُعُ مِنْ أَخْلَاقِ اْلأَنْبِيَآءِ, وَالتَّــكَبُّرُ
مِنْ أَخْلَاقِ الْكُفَّارِ وَالْفُرَاعِنَةِ
Artosipun : Tawadhu’
puniko sebagian saking akhlake poro nabi, sedangkan takabur utawi sombong
puniko akhlake wong-wong kafir lan golongane Fir’aun.
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ
وَنَفَعَنِى وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ, إنَّهُ هُوَ
التَّوَّابُ الرَحِيْمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ
عَلَى عِبَادِهِ الْـمُؤْمِنِيْنَ بِالْعِرْفَانِ وَأَكْرَمَهُمْ مِنْ مَزِيْدِ
فَضْلِهِ بِرُؤْيَتِهِ فِي الْجِنَانِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ
الْـمَلِكُ الْعَلَّامُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ أَعْلَى الْـمَقَامِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا
النَّاسُ اِتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا لَيِّنًا سَدِيْدًا.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّۚ يَاأَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَتاَبِعِيْهِ وَتَابِعِيْ تَابِعِيْهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ
ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ اسْتُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ اجْبُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ أَصْلِحْ
أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ عَافِ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
اللَّهُمَّ احْفَظْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَحْمَةً عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مَغْفِرَةً عَامَّةً يَا رَبَّ
الْعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ فَرِّجْ عَنْ أُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ فَرَجًا
عَاجِلًا يَا َبَّ الْعَالَمِيْنَ.
فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ
اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِۙ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ
وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Response to "TAWADHU'"
Posting Komentar