NASEHAT KAGEM AWAK DEWE

  

KHUTBAH JUM’AT

NASEHAT UNTUK DIRI PRIBADI

 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى أَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ وَأَتَمَّ عَلَيْنَا النِّعْمَةَ وَجَعَلَ أَمَّتَنَا وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ خَيْرَ أُمَّةٍ. وَبَعَثَ فِيْنَا رَسُوْلًا مِنَّا يَتْلُوْ عَلَيْنَا أَيَاتِهِ وَيُزَكِّيْنَا وَيُعَلِّمُنَا الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ. أَحْمَدُهُ عَلَى نِعَمِهِ الْجَمَّةَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تَــكُوْنُ لِـمَنِ اعْتَصَمَ بِهَا خَيْرَ عِصْمَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ لِلْعَالَـمِيْنَ رَحْمَةً وَفَرَضَ عَلَيْهِ بَيَانَ مَا أَنْزَلَ إِلَيْنَا فَأَوْضَحَ لَنَا كُلَّ اْلأُمُوْرِ الْـمُهِمَّةِ فَأَدَّى اْلأَمَانَةَ وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ, صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى الْفَضْلِ وَالْهِمَّةِ أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا الْـمُسْلِمُوْنَ, أُوْصِي وَنَفْسِى وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَظِيْمِ, الْقَائِلِ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : يٰاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِى خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَنِسَآءً, وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِى تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامِ. إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

Masyirol Muslimin Rohimakumulloh

Monggo kito sami netepi taqwalloh klawan nindaki perintahipun lan nebihi awisanipun. Mboten kasupen syukur dumateng Allah kito aturaken klawan ngucapaken Alhamdulilah. Keranten ing siang puniko kito sedoyo saged makempal kanthi niyat taqorruban ilalloh kanthi pangajab mugiho tambah dinten tambah sahene lan slamet dunyo akirote.


Wonten ing kesempatan puniko, kawulo badhe mahosaken setunggaling dawuh saking Sayyidina Ali Karromallohu wajhah mendhet saking kitab Nashoihul Ibad anggitanipun Syaikh Ibnu Hajar Al-‘Asqolany, ra:

كُنْ عِنْدَ اللهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرُّ النَّاسِ, وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ

Dadiho awakmu wong kang paling apik miturut Allah. Lan dadiho menungso kang paling elek miturur awakmu dewe. Ugo dadiho menungso biasa miturut wong liyo.

Pesen kasebat saged dados pitutr dhateng kito kagem ndandosi awak lito supados ngajeni tiyang sanes lan mboten rumaos dados tiyang penting lan wumongso paling apik dewe

Sak mbotenipun wonten tigang perkawis engkang kedah kito cawisaken, nun inggih :

Sepindah : kito kedah terus ningkataken ketaqwaan lan amal sae miturur Allah, kanthi nindaaken perintahipun ugi sakuwate nilar lan ngados saking sedoyo awisan-awisanipun.

Kaping kalihe : ngrumahosi dados tiyang awon lan tansah rumongso kirang anggenipun ngamal sholeh. Mbotenh ateges rendah diri lan mboten PeDe, naming supados nggayuh slamet saking ujub, riya’ lan sum’ah dating liyan.

Kaping tigane : tansah andhap ashor dhateng tiyang sanes soho mboten ngrumahosi paling sahe DeWe, saged nggulowentah awak dewe mboten wonteng engkang kedah di unggulaken.

Ma’asyirol Muslimin Rohimakululloh

Kanjeng Syaikh Abdul Qadir Al-Jailany ra, kagungan coro kang sederhana engkang saged kito tindaaken ing saben dintenipun.

Setunggal, Menawi pepanggihan kaliyan tiyang lintu, kito anggep tiyang wahu langkung sahe, langkung taqwa, langkung katah amal sholih-ipun, soho langkung inggil drajatipun ing ngarsane Allah Ta’ala

Kaping kalih,  Menawi kito kepanggih lare alit utawi ném-néman, kito saget paring nasihat mareng awak dewe kanthi ngelus dodo “bocah nom iki dosane lauwih sitik tinimbang dosaku”

Sewalik-ipun menawi kepanggih tiyang sepuh dipun nasehati awak dewe kito “Tiyang sepuh iki ngamal sholihe luwih akeh lan luwih akeh paring manfaat marang wong liyo, sebab dewekne luwih disik anggone taqwa dhateng Allah lan Rosule.”  

Kaping tigane, Menawi kepanggih tiyang alim, kito yakin bilih piyambake langkumg saje, toto coronipun ngibadah ugi langkung afdhol lang langkung leres. Ugi toying meniko sampun berjuang nybaraken ngelmune.

Kapn gangsal, Menawi kepanggih tiyang bodho, kito mbisikki dhateng awak kito kanthi ngucap “Mungkin wae dewekne salah lan dosa amergo ora ngreti, temtu luwih siti dosane, ing mongko awakku nglakoni salah lan dosa kanthi sadar lan ngerti ngelmune, sahinggo dosaku luwih akeh lan luwih abot sanggane.”

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Kanjng Rasul ﷺ paring daduh :

عَنْ شَدَّادِ بْنِ أَوْسٍ قَالَ : قَالَ رَسُوْلُ اللهِ ﷺ : اَلْـكَيْسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِـمَا بَعْدَ الْـمَوْتِ, وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا, وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ (رواه أحمد)

Wing cerdas lan sukses iku wong kang biso biji awak dewene, ngamal kanggo urip sak wuse matine. Lan sing diarani wong lemah iku wong sing nuruti howo nepsune lan kokean tuntutan utawi arep-arepan marang Allah (H.R. Ahmad).

Mugiho klawan coro-coro ingkang sampun kawedhar kolo wahu kito kaparingan gampil anggenipun nindaki pagesangan wonten ing dunyo puniko, pinaringan yuswo engkang sae, tansah slamet, lan mberkahi dhateng sesame lan masyarakat sekitar sahinggo saged dados sangu naliko ngadhep dhateng Gusti Kang Moho Sedayane. Amin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, وَإنْ تُطِعْ أَكْـــثَرَ مَنْ فِى اْلأَرْضِ يُضِلُّوْكَ عَنْ سَبِــيْلِ اللهِ إنْ يَّــتَّبِعُوْا إلَّا الظَّنَّ وَإنْ هُمْ إلَّا يَخْرُصُوْنَ

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فىِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِى بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ     


KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفٰى, وَأُصَلِّىْ وَأُسَلِّمُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نِالْـمُصْطَفٰى, وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَاَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا اْلـمُسْلِمُوْنَ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوٰى اللهِ اْلعَلِيِّى الْعَظِيْمِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ, أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ : إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ وَالـْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الـْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالـْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الـْمَوْتِ،رَبَّنَا لَاتُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا, رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا, رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ, وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْلَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِبْنَ.

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.

 

0 Response to "NASEHAT KAGEM AWAK DEWE"

Posting Komentar