KHUTBAH JUMÁT SINGKAT BAHASA JAWA
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ اْلإِنْسَانَ فِى أَحْسَنِ تَقْوِيْمٍ. ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِيْنَ. إلَّا الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلَهَ إلَّا اللُه وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ, بِقَوْلِه : وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ زَادِ التَّقْوَى, وَاتَّقُوْنِى يَاأُوْلِى اْلأَلْبَابِ
Maásyirol muslimin rohimakumulloh.
Monggo kito sami ningkataken takwo dhateng Allah ﷻ kanthi nindaaken perintahipun lan nebihi sedoyo cegah, supados kito saged selamet wiwit ndunyo ngantos akerot. Kito sedoyo kedah bersyukur dipun titahaken dados menungso engkang anggadahi persifatan paling sempurno engdalem wujude. Ningale perkembangan tehnologi lan ilmu pengetahuan engkang canggih puniko saged ndadosaken sedoyo pendamelan menungo langkung rikat hananging imbasipun perubahan nilai-nilai kemasyarakatan kedah kito gatekaken lan kito perlu pados solusi supados mboten kejlumprung engdalem penggawe awon, ing antawisipun:
Sepindah : gelar lan ijazah soyo inggil, hananging mboten nggambaraken kwalitas diri engkang bermanfaat lan mberkahi dating sesami, tujuan belajaripun naming ngudi kejayaan lan pengaruh bongso dunyawi.
Kaping kalihe : alat kesehatan sampun canggih hananging munculipun jenis penyakit soyo medeni. Lan kesehatan twin kekuatan badan soyo merosot. Puniko akibat saking pola piker kang semrawut lan jenis dedaharan bongso modern.
Kaping tiganipun : asring tindak teng pundi-pundi panggenan hiburan kanthi alasan piknik utawi refresing, guwang arto alit, mboten ngelingi tonggo kang nembe posing. Sikap nafsi-nafsi puniko timbul akibat saking merosotipun nilai kepekaan sosial ing lingkungan. Efekipun budoyo gotong royong sampun kirang
Maásyirol muslimin rohimakumulloh.
Kaping sekawan : penghasilan opah kerjone soyo makmur, hananging ketenangan batin soyo ajur lan mboten gadah raos syukur.
Kaping gangsal : katahe rencang ing alam moyo hananging sepi ing alam kasunyatan sahinggo kecalana raos sosial lan kemasyarakatan ing lingkungan. Sing tebih dicaketake lan sing caket malah disingkirke. Gampil anggene reoni lan sillaturrahmi nanging naliko kepanggih malah main HP dewe-dewe.damapk saking canggihipun teknologi ugi merambah dhateng gampilipun fitnah lan penipuan, sahinggo kito kedah estu-estu anggeneipun waspodo.
Kaping nem : katahipun cabang ilmu nanging kedik sanget kang ngugemi adab. Ilmu agami namung diilingi nanging mboten dipun resapi ngantos ngrasuk ing sajroning ati sahinggo nuwuhaken pendamel awon minongko conto bobrokipun pendidikan moral ing zaman sakniki.
Kanjeng Rasul ﷺ puniko Guru kang sejati, kanthi dawuh :
كُلٌّ عَلَى خَيْرٍ هَؤُلَاءِ يَقْرَءُونَ الْقُرْآنَ وَيَدْعُونَ اللَّهَ فَإِنْ شَاءَ أَعْطَاهُمْ وَإِنْ شَاءَ مَنَعَهُمْ وَهَؤُلَاءِ يَتَعَلَّمُونَ وَإِنَّمَا بُعِثْتُ مُعَلِّمًا فَجَلَسَ مَعَهُمْ
“Kabeh ono ing sajroning kaapikan, kelompok kapisan moco Al-Qurán lan ndedungo marang Allah. Yen Allah kerso mongko bakal dikabulake opo kang dijaluk. Kelompok liyane sami sinahu lan nyinahoni ilmu, lan Ingsung ditus supayo dadi gurune. (HR. Ibnu Majjah)
Maásyirol muslimin rohimakumulloh.
Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah lan maúnah dhateng kito sedoyo sahinggo kito saged ngrumat peradaban kang minulyo puniko arupi hablun minannas kanthi sak sahe-sahene. Amin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH KE-II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْـمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْـمِيْزَانِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ. بِقَوْلِ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَارَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

0 Response to "NGATI-ATI INGDALEM NGADHEPI ZAMAN TEKNOLOGI"
Posting Komentar